Selasa, 10 April 2012

Dalang Patran, Dukuh, Manjung

Kyahi Dalang Djumakir saking Kedu puputra 3
1. Maradrana (dalang Djanti)
2. Maradjaja
3. Redisuta ingkang semare ing pasareyan Patran Pagerbanon lèr kilèn
Ad. 3. Redisuta puputra 2
1. Redjosetika (Patran)
i. B. Hardjadiwangsa (Mandjung)
1. B. Hardjadiwangsa II (Mandjung)
a. Gandapandaya Sendhen
1. Bu Wal (saking ibu sepuh)
2. Bu Suparti (saking ibu sepuh)
3. Gunggung (saking ibu nom)
4. B. Gumirin (saking ibu nom)
5. B. Mijem (saking ibu nom)
6. Gun
7. Galip
b. B. Redipawira Mandjung
1. Sigit
2. B. Ginem
3. Ginah
c. B. Tjremapandaja
1. B. Sulasih
2. Sujadi
3. B. Sulami
4. B. Sum
5. B. Sri
6. Ragil
d. Puspapandaja
1. Kesdik
2. B. Kamini
3. B. Surtimah
4. B. Supingah
5. B. Kidjah
ii. Pradjasetika Sepuh (Dukuh-Dalangan)
1. Tjremadiharja
2. Masirah
3. Masijem
4. Masirah
5. Nganijah
6. Tremaredja
a. Kukuh Djajengsoetama
1. Darmi (Dalangan)
2. Tentrem (Dukuh)
3. Suwita (Dalangan)
4. Basuki (Dalangan)
5. Sutarti (Genthongan)
6. Sugeng (Dukuh)
7. Sulastri
8. Mantep
i. Dony
ii. Dedi
iii. Sinta
b. Kuwat Hardjasoeganda
1. Suti (Semarang)
i. Sukarti
ii. Darwati
iii. Djoko
iv. Yanti
v. Yuli
vi. Agus
2. Suparmi
i. Agus Jayatun
a. Bening Pawestri
b. Sendang Kinanthi
c. Tirta
ii. Yarlin Dwi Handayani
a. Ayu
b. Krisna Bambang Irawan
iii. Krisna Nuryantaputra
a. Gandes Pambayun
b. Punta Prasaja
c. Katrem Respati
iv. Herni Widiastuti
a. Adyatmakajati
b. Galuh
c. Mulat
v. Hendro Sukmanaputra
a. Lintang
b. Aksa
vi. Aji Suryantaputra
a. Trengginas
3. Sudilah
i. Fitri
a. Laras
ii. Santi
a. Sena
4. Suradal (Purwadadi)
i. Anik
ii. ??
iii. Antok
iv. Adi
5. Suripta (Dalangan)
6. Sulasih
i. Wahyu
ii. Dewi
c. Atma
1. Suharlan
2. Mbeji
d. Mudji
1. Sarwaka
iii. Djasetika Nom (Dukuh-Dalangan)
2. Tjremasetika (Patran)
i. Tjremauta (Patran)
ii. Tjremabagong Beku Wedi
iii. B. Tjremasana (Baturan)
3.

Rabu, 16 September 2009

Lampahan Kakrasana Krama

Lampahan Rabiné Kakrasana/Éndhang Werdiningsih

1. Jejer Mandaraka: Prabu Salya kaadhep Raden Rukmarata, tamu Kurupati, Sengkuni. Gunem: panglamaré Kurupati dhateng Dewi Erawati; nyuwun tontonan swarga, retune nitih gajah putih, patah putrid kang éndah weton gunung. Rukmarata kadhawuhan ngaturaké nawala mring Madura, dadak anglayoni.

2. Madeg Girikadhasar: Prabu Kurandhayaksa inggih Kalawerdati kaashep Patih Kalaanjara, Emban Kepetméga, gunem: kasmaran putrid Mandraka Dewi Erawati, budhal embank arsa andhusta. Bidhaling wadya kapapag wadya Ngastina. Prang Gagal.

3. Mandura: Prabu Anom Kakrasana, Narayana, Udawa, Raraireng; gunem: tata-tata badhé dhaupan lan Dewi Erawati. Katungka sowané Rukmarata ngaturaken nawala pundhutané temantèn. Kakrasana mopo tan saget. Narayana nyagahi, Udawa kinèn pados patah, Narayana ugi badhé pados. Bidhal.

4. Madeg Wana: Raden Pamadi lan panakawan; katubruk buta. Dados prang, wasana buta badhar Bathara Kamajaya. Permadi dipun dandani wanita kekasih Endhang Werdiningsih, panakawan ugi dados putrid. Bathara Kamajaya makahyangan. Praptanipun Udawa lan Pragota ngupadi patah; Werdiningsih sagah. Bidhal.

5. Gadamadana: Jembawan kaadhep Dewi Jembawati, tamu Narayana; gunem: arsa dhaupé keng raka Kakrasana. Dewi Jembawati kaampil minangka patah; dipun idini lajeng bidhal. Prenès: Jembawati dipun wucal mlampah, wicara, solah sarwi alus.

6. Mandura: Kakrasana, Narayana, Jembawati, Udawa, Pragota, Werdiningsih; ngaturaké anggoné ngupaya patah. Nuli sami ngaso. Raraireng nganthi Werdiningsih, Narayana nganthi Jembawati. Kocap sajroné pasaréyan Raraireng – Werdiningsih, boboté priya awor wanita. Werdiningsih lukar ageman dados Permadi ngungrum Raraireng. Kang karungrum jelih-jelih lapuran mring Raden Kakrasana, kang dèn lapuri muntab arsa anjempalani Permadi, Narayana nyapih. Kocap Hyang Narada ngirid Gajahséta wasta pun Puspadhenta, busana kaprabon, tontonan swarga. Kakrasana dipun busanani kaprabon, nitih dwipanggaséta kaarak sowan mring Mandraka.

7. Mandaraka: Prabu Salya, tamu temantèn, Pandhawa kaiiring waranggana swarga nyuwun kadhaupaken. Sasampunipun dhaup, pangamuking Kurawa, kabuncang maruta. Dhatengipun raja yaksa kang angamuk, tinandhingan para Pandhawa. Ditya Kala Werdati pejah lan Raden Pamadi. Wadya pepulih tinandhingan Sang Séna. Amuk-amukan.

8. Tancep Kayon.

Lampahan Semar Mbarang Jantur

Lampahan Semar Mbarang Jantur

1. Praja Mandaraka: Prabu Salyapati, putra Raden Rukmarata, Patih Tuhayata. Gunem: murcané kang putra Dewi Érawati. Putra Ngastina sagah ngupadi, Rukmarata kadhawuhan matur dhateng Wasi Jaladara. Sowanipun Pamadi panakawan martosaken sirnanipun sang dewi. Kinanthi lerem anèng kedhaton.
Kedhaton: Raden Pamadi dipun amiraken dhateng patunggonipun Sang Dewi Surtikanthi datan purun. Kocap, Dewi Banowati sareng pirsa manawi Pamadi anèng kedhaton gya kaglandhang dhateng panggènanipun. Boten kocap anèng papreman. Dewi Surtikanthi runtik manahipun, lajeng nguman-uman, kanthi ngesotaken yèn ana dalan kaluwèn aja ana pangan sarta toya karebèn kaliren.

2. Madeg Nagari Tirtakadhasar: Raja ditya Prabu Kurandhageni, putra Raden Kartawiyoga, Patih Kalayaksa. Gunem: Raden Kartawiyoga matur badhé nuruti panyuwuné Dewi Érawati kang andusta saka Mandaraka, sabab purun kagarwa nanging nyuwun kamaru kaliyan Dewi Surtikanthi, Banowati; mila lajeng bidhal kaiiring wadya. Dumugi dharatan kapapag wadya Mandraka dadi prang, nyimpang margi.

3. Madeg Wana: Raden Pamadi panakawan. Gunem: gènnya nedya babantu ngupadi méndrané sang Dewi. Dhatengipun danawa nggantung laku, dadi prang. Buta mati. Pamadi trus. Pamadi kantaka lemes amarga kaluwèn, panakawan amadosaken tedha sarwi amabarang jantur.

4. Pretapan Argasonya: Raraireng, embank. Tekané panakawan barang jantur, dipun tanggap nanging nyuwun sajèn. Cekap anggènipun anjantur, sajèn kabekta panakawan, nuli kaulet dados satunggal kaaturaken dhateng Raden Pamadi. Kocap Raden Pamadi sumerep tedhan ingkang kaulet kadi tedhan sona sakala bramantya, anglabrag kang paring tedha. Kocap Dewi Bratajaya, sareng sumerep Pamadi dhateng ngasta duwung ligan gya lumayu wadul ingkang raka.

5. Candhakan: sang Wasi Jaladara, Narayana. Dhatengipun Raraireng wadul badhe dipun patèni laré jaler. Jaladara muntab, boten sranta lajeng anglabrag Raden Pamadi. Narayana anyapih. Raraireng supados nyuwunaken pangapura. Pamadi badhé dipun banting, Narayana ngémutaken. Raraireng ugi nyuwun pangapura, Jaladara nggadhang bénjang badhé kadhaupaken. Premadi sagah, Jaladara dipun aturi priksa manawi Dewi Erawati kadusta duratmaka. Kinarya patembaya manawi saget manggihaken badhé kadhaupaken. Jaladara nyagahi, nulya sowan mring Mandraka.

6. Madeg Mandaraka: Prabu Salya, tamu Kurupati, Sangkuni, Punta, Séna, Kembar. Gunem: Kurupati anggenipun nyagahi ngupadi Dewi Erawati datan antuk damel. Katungka sowané Jaladara, Pamadi, Narayana matur manawi Dewi Erawati kadusta dening ptra Raja Tirtakadhasar, nanging badhé kagarwa purun. Gadhah panyuwun kamaru Dewi Surtikanthi, Dewi Banowati. Mila Jaladara sagah nyepeng duratmakanipun, nuli kadhawuhan manjing kedhaton nganthi Pamadi.

7. Candhakan: Raden Kartawiyoga kang laku dusta lumebet jro kedhaton kadenangan Jaladara dados prang. Kartawiyoga kawon lumayu, Raden Pamadi Jaladara ambujung. Sareng sumerep Raden Kartawiyoga lumebet guwa gya kabujung.

8. Kedhaton Tirtakadhasar: Dewi Erawati, cèthi. Dhatengipun Jaladara, Pamadi badhé amboyong sang Dewi sagah. Cethi lapuran.

9. Praja/Pendhapi Tirtakadhasar: Kala Kurandhageni, sowanipun Kartawiyoga matur tan antuk damel. Cethi sowan matur manawi sang Dewi sampun kaboyong Raden Pamadi dhateng Mandraka. Sang Nata duka gya ngulurug mring Mandraka.
Kocap lampahé Permadi – Wasi Jaladara wus prapta Mandraka ngaturaken Sang Dewi. Katungka pangamukipun Kurandhageni, tinadhahan Sang Pamadi Sena, Jaladara. Prabu Kurandhageni pejah déning Jaladara, Kartawiyoga dening Pamadi. Amuk-amukan.

10. Tanceb Kayon

Lampahan Setyaki Lahir

Lampahan Lahiré Setyaki

1. Praja Lésanpura: Prabu Setyajid ugi Prabu Ugraséna; tamu Prabu Bismaka, Prabu Anom Kakrasana, Raden Narayana. Gunem: garwa Dewi Warsini ngidham nitih sima pethak kang bisa tata janma. Narayana kadhawuhan. Bidhal wadya nguntapaken tinindhihan Netyabasa (Setyabasa)

2. Swalabumi: Prabu Tambakyuda, Patih awarni macan seta nama Singamulangjaya, Patih Yaksa Kaladipangga. Gunem: sang nata kasmaran Dewi Wresini (Warsini). Budhal nedya kalamar. Papagan wasya Lésanpura dados prang gagal.

3. Madeg Wana: Raden Pamadi Panakawan. Gunem: arsa sowan jagong mring Lésanpura, kadhatengan buta Swalabumi dadi perang. Buta mati Narayana dhateng. Kautus ngupaya idham-idhamanipun keng bibi. Katungka ana macan kang datan narima patiné wadya, dadi prang, macan kapikut. Ngaken utusan saking Swalabumi, nuli kaaturaken dhateng Lésanpura.

4. Praja Lésanpura: Prabu Setyajid, tamu Prabu Anom Kuntadéwa, Brataséna, Nangkula-Sadéwa, Ratu Kumbina. Dhatengipun Raden Pamadi lan Narayana ngirit sima putih nama Singamulangjaya. Sang Dewi langkung suka nuli kadhawuhan nitih. Singa dipun titih angemprang lumayu dipun tututi Pamadi, kapanah sima pejah, kumara manjing sang Dewi, wasana ambabar mijil dhampit. Kang sepuh pinaringan kekasih Dewi Setyaboma kang anem kekasih Setyaki inggih Singamulangjaya.

5. Candhakan Prabu Tambakbaya: sowanipun wadya ngaturaken patinipun Patih Singamulangjaya dening utusan Ratu Lésanpura. Sang nata duka gya angamuk mring Lésanpura. Para Pandhawa kang bebantu kasoran. Jabangbayi kang kaaben, anyarengi panitisipun Bathara Singajalma kang manjing anggané Prabu Tambakyuda campuh lan Raden Setyaki. Bayi kaya ginégé, wasana Prabu Tambakyuda manunggal dhateng jabang bayi. Wasana naminipun dipun anggé nami Raden Setyaki, inggih Singamulangjaya inggih Tambakyuda.

6. Tanceb Kayon

Lampahan Srikandhi Lahir

Lampahan Lahiré Srikandhi

1. Jejer Nagari Pancala: Drupada, Patih Drestakètu; tamu: Narayana, Kakrasana. Gunem: Anggènipun Dèwi Gandawati nyuwun siram anèng Taman Mahérakaca. Narayana kadhawuhan ngupadi, sagah.

2. Madeg Nagari Parang Rukma. Prabu Sriyana, Rayu Srikastawa; gunem: ngayunaken garwa Pancala, arsa rinebat srana prang; gya bidhal kanthi wadya bacingah. Ing margi kapanggih wadya Pancala dados prang, mung ramé.

3. Madeg Wana Matirta.Permadi kadhèrèkaken panakawan lelana; katungka Radèn Narayana kang mundhi dhawuh ngupadi tirta ing Tamana Mahérakaca; gya sami bidhal. Kapanggih yaksa saking Parang Rukma dados prang. Buta sami pejah.

4. Kahyangan: Hyang Girinata, Narada, Éndra, Brama; gunem: bab Taman Mahérakaca kang wus turun aneg Parang Rukma karan kadhusta Prabu Sriyana. Bathra Narada kadhawuhan nyraya Permadi. Narayana bidhal mring madyapada. Dumugi margi wus pinanggih Narayana. Permadi nulya kadhawuhan ngupadi Taman kang ang praja Parang Rukma. Bidhal.

5. Taman Praja Parang Rukma: Kanjeng Ratu Dèwi Srikani, Emban Andayawati. Dhatengipun Naryana lan Pamadi arsa amboyong taman. Sang Dèwi badhé ngaturaké taman manawi R. Pamadi purun kasuwitani. Pamadi nyagahi, wasana taman kaboyong. Cèthi lapuran dhateng ratu gustinipun. Kocap Prabu Sriyana sareng nampi atur duka, nglurug dhateng Pancala.

6. Madeg Pancala: Prabu Drupada, tamu Abyasa, Radèn Gandamana; gunem: Resi Abyasa dhawuh kinèn sesaji hama murih énggal antuk papadhang. Radèn PAmadi sowan R. Narayana matur manawi Taman Mahérakaca sampun wonten kedhaton. Prabu Drupada nulya nganthi ingkang garwa Dèwi Gandawati manjing kadhaton. Sareng dumugi taman uninga wanita ngaken garwané Prabu Sriyana kang gadhang taman péngin dados putrané sang dèwi. Kocap Prabu Drupada sareng uninga kukusing latu sesaji kang pinandeng, temah Dewi Srikani sirna manjing dahana. Kocap Prabu Sriyana dupi uninga garwanya manjing dahana sesaji nyarengi icaling kumara Dewi GAndawati ambabar putrid, sarengan jabang bayi dhampit, wasana kersané sang Wiyasa pinanggang anèng geni sesaji. Kacarita jabang kang kaungkulaken ing geni sesaji temah kadi ginegé jangkep sabusanané wus sami angéndhong jemapring angiwa langkap. Katurutan panggadhangipun Prabu Drupada bénjang saget malesaken wirangipun kaliyan Resi Druna. Bayi pinaringan kekasih Srikandhi, Drestajumena. Raden Kistawa ngamuk tan trima patiné keng rakané. Kapikut déning sang Gandamana matur tobat. Kinèn wangsul gumanti nata, nanging kabawah Pancala.

7. Tancep Kayon.

Jumat, 13 Maret 2009

Lampahan Bima Kopek

1. Madeg Nagari Ngastina: Prabu Duryudana, Resi Druna, Sangkuni, Nerpati Basukarna, Gunem: Murcané Radèn Dursasana ngupaya Wahyu Widayat anèng alas Réwantaka. Utusan ngawat-awati, budhal.

2. Madeg Nagari Plangkawati: Prabu Sangubranta, Patih Jayamurcita, kasmaran garwa Madukara. Gya budhal anglurugi prang dhateng Madukara. Ing margi kapapag wadya Ngastina, prang gagal.

3. Magak Kahyangan Cakrakrmbang: Bathara Kamajaya, tamu Bathara Brama. Kekalihipun dadi pangawaking Wahyu Cahyaningrat. Kang wadon anèng Bathara Kamajaya, kang lanang Bathara Brama. Karawuhan Bathara Narada kinèn sami nurunaké Wahyu Cahyaningrat. Déné wahyu wadon bénjang tumurun mring Wiratha. Bathara Brama gya ngèsthi tumuruning Cahyaningrat. Déné kang wenang kanggonan wong kang santosa budiné. Gya tumurun.

4. Madeg Wana Réwantaka: Sang Harjuna, Panakawan. Lagya ngupadi keng raka Radèn Werkudara, awit keng putra Abimanyu nangis datan kena dèn sayuti. Dhawuhé Sang Wiyasa, kang bisa ngeneng-enengi Radèn Bimaséna. Katungka dhatengé wadya yaksa saking Plangkawati, dadi prang. Buta-buta mati.

5. Candhakan: Radèn Dursasana tapa. Tumuruné wahyu kalantaraké Bathara Brama. Dupi wus manjing, Bathara Kamajaya amémba wanita éndah. Anggodha sang Dursasana. Sareng Radèn Dursasana kagidha, temah kasmaran. Wahyu oncat. Wanita babar Hyang Kamajaya. Dursasana dhawah kalenggak. Patih Sangkuni, para Kurawa prapta trus amboyong Radèn Dursasana.

6. Candhakan: radèn Werkudara tapa, kadhawahan Cahya pangawak wahyu. Sareng Bathara Kamajaya uninga, Radèn Séna datan dèn godha. Sabab Bimaséna wong kang teguh, kukuh, mantep pangidhepé. Dhatengipun Radèn Harjuna, Panakawan ngaturi keng raka kondur, awit jabang bayi muwun datan purun kèndel. Dhawuhipun keng éyang Abiyasa amung keng raka Harya Séna kang bisa ngeneng-enengi jabang bayi.

7. Madeg Madukara: Dèwi Sumbadra ngemban Abimanyu, Dèwi Srikandhi, Dèwi Sulastri. Rawuhipun Prabu Kunta, Prabu Kresna, Prabu Baladéwa; gunem: sadaya sami jibeg ing manah awit mireng tangisipun jabang bayi. Nadyan gentos-gentos ingkang anggéndhong, parandéné datan kèndel. Praptanipun Radèn Séna, Radèn Arjuna, Panakawan. Dupi sampun sami satata, Séna nulya angemban bayi. Anggènipun lung tinampèn temah wahyu Cahyaningrat oncat manjing jabang bayi. Sang Séna kraos oncating wahyu manjing jabang bayi. Sang Séna duka, jabang bayi kabekta oncat. Kresna Janaka nututi. Werkudara anggènipun duka temah kanggeg, sabab Arjuna masrahaken Abimanyu kaakena putra, Harjuna boten badhé ngaku. Kresna neksèni. Werkudara gya remen, bayi ajeng dipun ombèni piyambak. Sakala Radèn Séna susuné kinarya nesepi jabang bayi.
Kocap Prabu Sangubranta inggih Prabu Angkawijaya, nampi aturipun wadya. Kathah wadya buta ingkang pejah, gya lurugan dhateng Madukara, tinadhingan Prabu Baladéwa, Radèn Setyaki, Patih Sucitra, nanging sadaya sami kawon. Prabu Kresna maripih sang Séna, jabang bayi kinèn ngajokaken ing palagan.
Gancangipun: Prabu Sangubranta inggih Prabu Angkawijaya tandhing jabang bayi. Dangu-dangu sukmané manjing jabang bayi. Keng rayi Jayamurcita ugi manjing dadi sajuga. Negara Plangkawati kadhawuhan angenggèni. Namanipun Prabu Sangubranta kadhawuhan ngagem. Katambahan sukmanipun Raden Jayamurcita ugi kaaturan ngagem. Katungka pangamukipun Kurawa, kasapu barat, tambuh purugipun.

Tancep Kayon.

Minggu, 18 Januari 2009

Gendhing Dolanan Lare

1. JAMURAN kanthi titiraras Sl. Pathet Sanga.

Jamuran gé gé thok
Jamur apa ya gé gé thok
Jamur gajèh mbegigèh
Saara-ara

Jamuran: Tuwuhipun mangsan, kanggé sanépanipun laré. Wiwit laré (lahir) ngantos dumugi diwasa, laré wau ngalami pinten-pinten mangsa, upaminipun: kemrusuh, kemratu-ratu, dumolan, birahi lan salajengipun

Gé gé thok: Saben sumantuning mangsa, tiyang sepuh kedah tansah waspada sampun ngantos katalompèn (wontenipun kedah amung agé-agé thok) nyaluraken dhateng bakating laré.

jamur apa: Punapa ingkang dados bakating laré wau tiyang sepuh kedah mangretos.

Ya: Iya, manawi sampun mangretos punapa ingkang dados bakating laré, tiyang sepuh kedah sarwa “iya”, laré sampun ngantos dipun peksa mituruti kekajenganipun tiyang sepuh.

gé gé thok: Idhem “gé gé thok”

Jamur gajèh: Manawi sampun terang tuwuh jamur gajèh

Mbegigèh: Mbegigèh ing mriki suwantening kuda, tiyang kathah mestani gumujeng.

sa ara-ara: Ngrembaka

Dados punapa ingkang dados bakating laré, tiyang sepuh kantun tumut ngrabuk, mangké bebathènipun temtu matumpa-tumpa (ngrembaka) nyenengaken.


2. URI-URI kanthi titiraras Sl. Pathet Nem.

Ri uri ri uri njang anjang midadari
Celèrèt tiba nyamplung ketundhung kembangé apa
Mbang jambu mbang jambu Siti olèh wong bisu
Bisu-bisu cik mèné tunggané gajah belang
Ali-ali memanikan
Ndhik ndhik suruh secandhik lanang wédok padha methik

Ri uri ingkang dipun uri-uri (limrahipun anak èstri)

Njang anjang = rambatan Ingkang saé laré èstri kedah dipun damelaken rambatan, tegesipun kedah dipun wulang, dipun tedhahaken.

Midadari Wanita ingkang luhur indahing warna. Dados pikajenganipun, anak èstri katuntuna dhateng kaluhuraning budi sarta sopan santun, ngretos awon lan saé, anteng jatmika merak ati kados midadari. Manawi sampun kados midadari (èstri pilihan) lajeng

Celèrèt utawi calèrèt Punika kilat ing wanci dalu (mboten mawi gludhug), ing mriki ingkang dipun kajengaken cumlorot kanthi cahya, tegesipun sadaya ingkang katindakaken sarana padhanging manah (mboten ngawur) sanadyan ngantos milih jodho inggih kawawas kanthi weninging manah mboten sulap dhateng éndahing kelahiran.

Tiba nyamplung Nyamplung punika bagéyan uwoh nangka ingkang éca katedha, ing nglebet isi beton (isi) ingkang dados winih. Dados calèrèt tiba nyamplung tegesipun “cumlorotipun temtu dhawah ingkang saé” mboten badhé dhawah ing damèn (bagéyan nangka mboten éca dipun tedha)

Ketundhung kembangé apa Ingkang dipun kajengaken ketundhung inggih punika: samangsa sampun pisah kaliyan tiyang sepuh lajeng “kembangé apa”, tiyang kantun nyawang: sekaripun menapa lan kados pundi.

Mbang jambu Siti olèh wong bisu (dipun pilihaken ingkang cacat badan)
Sanadyan angsal tiyang ingkang kirang saé jasmaninipun, upaminipun kirang bagus, lan sasaminipun, utawi mboten patos nggatosaken kalahiranipun.

Bisu-bisu cik mèné Awon inggih kajengipun (cik mèné)

Tunggangané gajah belang Gajah punika sanépanipun agung luhur, belang kajengipun katon cetha (kondhang)

Ali-ali memanikan Ingkang dipun kajengaken tetangsuling jejodhowan saé sanget utawi kiyat.
Ndhik-ndhik suruh secandhik Suruh secandhik punika lempitan suruh sapenginangan, manawi saporos inggih punika lempitan sapenginangan wau dipun tata ngantos 7 penginangan lajeng dipun tangsuli, dados suruh secandhik tegesipun sabagéyan alit.


Lanang wédok padha methik Sanadyan barang ingkang alit/sepélé jaler èstri sami ngraosaken.
Keterangan Sasampunipun makaten dolanan uri-uri wau mawi katutup “thithit thuwit cemplang” tanpa lagu, makaten kanthi njiwit èpèk-èpèkipun Siti kagèrèt minggah dumugi cakepan “cemplang” èpèk-èpèkipun Siti dipun culaken. Menggah pikajengipun: tiyang ingkang kados kasebut nginggil wau temtu mboten gampil kagèt, dipun damel sak serik ing liyan utawi dipun sakiti manahipun, namung dipun raosaken “cemplang”.

3. LIR GAMBYONG kanthi titiraras Sl. Pathet Nem

Lir gambyong gemak main andhong
Sunthi lambangsari murmak daging kayu legi
Trembalo nyamplung dèdèkané ndara menggung
Tir gontar gantir tèpleg susu dika menteg menteg

Lir gambyong
Pikajengipun kaya gambyong. Gambyong punika namaning ricikan gamelan Carabalèn, panabuhinpun wongsal-wangsul. Dados “lir gambyong” punika tegesipun kaya gambyong mung tansah bola-bali kaya ngono.

gemak
Punika peksi ingkang manawi badhé nyepeng kedah kadekep (di gemak = di dekep), punika kanggé nggambaraken kawadonan (kemaluan putri)

Main andhong
Andhong punika kréta (tumpakan) ingkang dipun bayaraken (dipun séwakaken). Dados pikajenganipun nyéwakaken badan.

Sunthi lambangsari
Sunthi utawi prawan sunthi, inggih punika prawan ingkang sawek sapisan haid (bulanan) mangka kok lajeng lambangsari (saresmi) utawi nglampahi zina.

Murmak daging kayu legi
Murmak = ngrompak = ngrangsang; daging kayu legi = kemaluan laki-laki. Dipun ibarataken daging kayu legi, amargi pancèn sanès balung, mbengkiyeng kados kayu; legi = raosipun éca/sakéca

Trembalo nyamplung
Trembalo punika kayu ingkang saé kanggé warangka duwung. Dados prawan sunthi punika kados déné warangka kayu trembalo, ingkang sami gadhah duwung (keris) kathah ingkang kepéngin nglebetaken (ngrangkakaken) dhateng warangka kayu trembalo wau, mila taksih dipun èmbèl-èmbèli “nyamplung” amargi pancén rangka trembalo sing énak.

Dèdèkané ndara menggung
Limrahipun prawan sunthi punika dados inceranipun para luhur ingkang sugih arta (kala rumiyin)

Tir gontar gantir tèpleg
Ingkang dipun pikajengaken “gontar gantir” punika: suwau namung kados déné dolanan, nanging dangu-dangu jebul lajeng “tèpleg” utawi dados yektosan.

Susu dika mentheg-mentheg
Ha, ngretos-ngretos susunipun menteg-menteg amargi ………..meteng.

Keterangan
Dados, laré èstri ingkang ngancik diwasa, punika manawi niyat nylèwèng, temtu kathah ingkang nampi. Mila ingkang ngatos-atos, amragi kathah kémawon ingkang namung mélik prawanipun, manawi sampun garbini lajeng kabucal.


4. JA RASÉ kanthi titiraras Sl. Pathet Nem

Ja rasé ja rasé kutha rawa thik uthikan
Walik gedhé sun sawèni
So riyo mbang melinjo riyo riyo kumbang riyo kumbang
Gagar mayang kekembaran
Tik walik bang buntuté
Walik-walik kutha walik kutha
Dèn dèhi jamur menapa

Ja rasé
Aja kaya rasé. Rasé punika gadhah kanthong isi lisah wangi ingkang dumunung wonten ing salebeting kawadonanipun. Ing jaman rumiyin kawadonan rasé wau dipun maat (?), lisahipun dados lisah wangi ingkang saé piyambak (ing jaman semanten) reginipun sakalangkung awis, ingkang kuwawi tumbas namung para bangsawan lan hartawan. Lisah wau naminipun lisah dhèdhès. Manawi raré èstri kepéngin kawin, lisah ingkang wonten ing kawadonan wau dipun ubal-ubal supados rasé jaler lajeng dhateng katarik déning ganda wangi wau. Awit saking punika tiyang èstri dipun prayogèkaken “aja kaya rasé” tegesipun aja mung ngupakara “kothokan” waé, taksih kathah kuwajiban sanèsipun.

Kutha rawa
Wonten tetembungan “mbedhah kutha”, punika kanggé ngupamèkaken pengantén jaler ingkang sapisanan ngewori (menggauli) ingkang èstri. Dados ingkang mbedhah kutha punika ingkang jaler, manawi makaten barangipun (kemaluan) èstri punika dipun upamèkaken kitha. Kutha rawa = kutha sing jemèk.

Thik uthikan
Nguthik-uthik supados tiyang jaler gadhah nafsu birahi.

Walik gedhé
Kuwalik ingkang ageng utawi salah ingkang ageng manawi lajeng èstri ingkang nguthik-uthik tiyang jaler. Tata kramanipun kedah saking tiyang jaler.

Sun sawèni
“sawé” punika tangsul panjang ingkang dipun sukani krembyah-krembyah dipun sendhali saking gubug kanggé nggusah peksi. Dados sun sawèni kajengipun ‘tak gusah’, tak larang aja kaya ngono.

So riyo
‘so’ punika ron mlinjo ingkang taksih enèm; riyo: temtu katon riyo-riyo, tegesipun kowé iku isih enom.

Mbang melinjo
Isih bisa kembang nganti bisa awoh (mlinjo), bisa tuwuh.

Riyo kumbang
Yèn anggonmu isih riyo-rriyo iku mung saperlu ngundang kumbang,

Gagar mayang sakembaran
Gagar mayang kalih, namung kanggé ngiring tiyang pejah ingkang taksih jaka/prawan. Dados tegesipun manawi nalika enèmipun sakalangkung mursal, mboten wandé badhé risak nalika taksih enèm ugi.

Tik walik kang buntuté
Dipun ibarataken ayam walik abrit buntutipun, tegesipun manawi sampun risak, adat lajeng kuwalik imanipun, saya remen selingkuh. ‘bang buntuté’ ateges sing abang (sing wani) buntuté = ing mburi, tegesipun waniné metu mburi.

Walik kutha
Wédoké kuwanèné kaya wong lanang (kuwalik) kaya ngono iku kena diparibasakaké kuwalik kuthané

Dèn behi jamur menapa
Manawi sampun makaten wau, sumangga dèn bèhi kula aturi mbadhé dados menapa?



5. BLAK CUBLAK SUWENG kanthi titiraras Sl. Pathet Manyura

Blak cublak suweng, suwengé ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl, pak empong léra léré
Sapa ngguyu ndhelikaké
Sir pong dhelé gosong, Sir pong dhelé gosong

Cublak cublak suweng = cublak = netep
Lenggah ingkang tetep kanthi suweng, nyuwungaken panca driya, nutupi babahan nawa sanga, ana rasa tan rinasa, ana ganda tan ginanda, bebasan mati sajroning urip.

Suwengé ting gelèntèr
Mlebet wedaling napas sampun katata kanthi saé (nggalèntèr)

Mambu ketundhung gudèl
Ing ngriku wonten tandha ganda amrik ngambar wangi arum ngusir ganda awon (ketundhung gudèl = ganda awon)

Pak empong léra léré
Pak = ngempakaken

Sapa ngguyu ndhelikaké
Mèsem sajroning wardaya (bebasanipun) sadaya sampun kacakup (ndhelikaké)

Sir pong
Tiyang ingkang sampun kulina makaten wau limrahipun sir-ipun (kekajenganipun) sampun kopong utawi sampun mboten nengenaken ing kadonyan

Dhelé gosong
Gandhèng sampun mboten nengenaken dhateng kadonyan, jasmaninipun temtu kirang nengsemaken kados déné dhelé gosong. Nanging dhelé wau manawi dipun plècèt katingal jenar sumunar, upami dipun raosaken sakalangkung gurih.

6. Dolanan ing ngandhap punika mboten wonten naminipun, ingkang limrah dados sambetipun dolanan Blak Cublak Suweng, déné suraosipun arupi tetuladan dhateng ingkang kepéngin badhé nglampahi ‘blak cublak suweng’, kedah nyinau rumiyin kados ingkang kawrat dolanan ing ngandhap punika.

Wis éntuk sakenthung kalédhung, asekaté-katé wana
Bayem raja donya tangisana ndomblé
Kadangira dhéwé temu kéné, dudu sanak dudu kadang yèn mati mèlu kèlangan
Sir pong dhelé gosong

Wis éntuk sakenthung, (rong kenthung, telung kenthung, salajengipun)
Sa kenthung = sarambahan, rong kenthung = kalih rambahan, lan salajengipun
Asekaté katé wana
Se katé = sa tékaté (tékadé) wana. Tékadipun sanadyan badhé nempuh wana mboten badhé mundur.

Bayem raja donya
Bayem = ayem = tentrem = tenang, mboten kéngguh kagodha déning raja donya (raja brana)

Tangisana ndomblé
Radèn Brataséna nalika badhé ngupadi tirta pawitra di mboten menda sanadyan dipun tangisi ibu lan sadhèrèk-sadhèrèkipun, kasaranipun: mbok iya sing mu nangis nganti ndomblé aku ora menda.

Kadangira dhéwé temu kéné
Ing ngriki dipun cethakaken: sanadyan kadangé dhéwé ‘temu kéné’. Tegesipun ing atasing kawruh utawi ngèlmi punika kadang utawi tiyang sanès sami kémawon, inggih punika sami-sami kepanggih wonten ing alam donya ngriki.

Dudu sanak dudu kadang yèn mati mèlu kélangan
Kawruh utawi ngèlmi punika mboten kedah katularaken dhateng sanak utawi kadang, nanging dhateng sintena ingkang mbetahaken, mila menawi pejah ingkang kécalan mboten temtu sanak kadang.

Sir pong dhelé gosong
Manawi sampun saget nglampahi kados kasebat nginggil nama sampun nicil utawi nyinau nyingkiraken kekajengan.


7. EMBLEG-EMBLEG kanthi titiraras Sl. Manyura

embleg-embleg duduhé tapé, dhuh laé-laé
ampyang kacang nggo rengginang, dhuh kakang kakang
aja nyakot ula dhiwel, nyakota papasé mateng
uniné sethèyot thèblung, uniné sethèyot thèblung

Embleg-embleg duduhé tapé
Punika arak/minuman keras


Dhuh laé laé
Panguwuhipun ingkang èstri dhateng ingkang jaler, sampun ngatos remen ngunjuk arak.

Ampyang kacang nggo rengginang
Leresipun mboten saget ampyang kacang, kok dipun anggé rengginang, amargi bakalipun bènten, pangolahipun ugi bènten. Nanging kados makaten wau saget kalampahan manawi ingkang nandangi tiyang mendem, dados tiyang mendem mekaton manawi tumandang kathah kalèntunipun.

Dhuh kakang kakang
Panguwuhipun ingkang èstri malih

Aja nyakot ula dhiwel
Ula dhiwel ing ngriki kanggé nggambaraken barangipun tiyang jaler (pajaleran). Dados aja nyakot ula dhiwel kajengipun aja nyakot duwèkmu dhéwé, wontenipun dipun èngetaken awit tiyang mendem punika kados tiyang nglalu (bunuh dhiri), tegesipun jaleripun sok ngantos ical saking pandamelipun piyambak.

Nyakota papasé mateng
Terkadhang saget milih (milih ingkang mateng) nanging pamilihing tiyang mendem inggih angsal ‘papas’ tegesipun mboten kathah.

uniné sethèyot thèblung
Upami wicanten inggih mboten kantenan.

Dados ing nginggil punika nggambaraken tiyang ingkang karem arak dipun èngetaken déning ingkang èstri.


8. IRIS-IRISAN TÉLA kanthi titiraras Sl Manyura

ris irisan téla la la la
madu salé lé lé
manuké podhang uniné
kuk engkukan uniné
kuk engkukan

Téla dipun iris-iris, punika menawi dipun akenaken ‘madu salé’ inggih sami kaliyan peksi ‘engkuk’ ngaku-aku menawi piyambakipun punika peksi podhang (peksi podhang punika ulamipun sok dipun tedha/dipun dhahar déning tiyang ingkang nembé nyidham, ing penyuwun mbénjing anakipun supados kados peksi podhang, kulitipun jené lambénipun abrit) la, sareng mungel ungelipun mboten kados peksi podhang, nanging kuk, kuk …..
bok manawi cekap semanten kémawon, mboten perlu dipun jlèntrèhaken malih. Nuwun.


9. CENGKIR LEGI kanthi titiraras Sl. Manyura.

Kir cengkir legi di kumbah lenga wangi
Kancaku dadi pengantèn
Tak sembaha tak iringna
Dhèndhèng kutuk kutuké ratu sabrang
Uniné sagendra mangsa
Ho ho oi ho ho oa aku dhéwé sembahana

Cengkir legi
Cengkir = calon (laré), legi = saé. Laré èstri pribumi (bangsa kita) dipun lamar tiyang manca (sanès bangsa)

Di kumbah lenga wangi
Cengkir di kumbah lenga wangi punika nama keladuk (berlebih-lebihan). Tiyang sanès bangsa nglamar laré pribumi punika limrahipun purun nyukani punapa-punapa ingkang langkung samurwat.
Kancaku dadi pengantèn
Laré èstri bangsa kita saèstu kawin kaliyan tiyang sanès bangsa.

Tak sembaha tak iringna
Kita namung jumurung

Dhèndhèng kutuk kutuké ratu sabrang
Dhèndhèng punika ulam ingkang saget dipun simpen lami. Kutuk = punika ulam ingkang sok mbanggèl. Ratu sabrang = punika tiyang manca utawi sanès bangsa. Sadaya kasebat nginggil wau pikajengipun: tiyang manca wau gadhah panguneg-uneg ingkang taksih dipun simpen, manawi sampun wancinipun panguneg-uneg wau badhé kaucapaken minangka kanggé mbanggèl.

Uniné sagendra mangsa
Ucapanipun damel gendra ngèngingi kulawarga. Sareng gadhah turun lajeng.

Ho ho oi ho ho o a
Coa coa

Aku dhéwé sembahana
Aku bangsa sing dhuwur.


10. BIBI TUMBAS TIMUN kanthi titiraras Sl Sanga

bi bibi tumbas timun
kèngkènané mbok Bondhan Tanuraja
mur mak mur ma untuné kena diprada
lambéné kena dirénda
bi bibi tumbas timun sigar mawon

Bibi punika embok utawi embok alit, dipun kèngkèn tumbas timun. Ingkang ngèngkèn keponakanipun ingkang nami Tanureja. Tanureja punika angsal sesebutan Bondhan dening tangganipun, ingkang tegesipun miyambak, ijèn, mboten gadhah kanca. Tanureja tegesipun sugih = reja; bunglon = tanu. Saking sugihipun ngantos dipn paribasakaken untuné kena diprada, lambéné kena dirénda. Nanging punapa sababipun déné mboten gadhah kanca? Amargi saking cethilipun, ing ngriku dipun gambaraken tumbas timun mawon namung sigar. Sigar = Rp. 1/400.


11. KEMBANG JAGUNG kanthi titiraras Sl. Pathet Nem.

Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jèjèr telu sing tengah bakal omahku
Kempa munggah guwa mudhun nyang bon raja
Methik kembang soka dicaoské kanjeng raja
Mundur kowé ajur maju kowé tatu
Jokna sabalamu ora wedi sudukanmu
Iki lho dhadha satriya iki lho dhadha Janaka

Suraosing tembang-tembang salebeting dolanan kasebut nginggil, punika isi aturipun para kawula dhateng ratunipun ingkang mboten saget kadumugèkaken gandhèng sesambetanipun kawula lan ratu angèl sanget (nalika taksih jaman kerajaan), menggah kawedala mekaten aturipun.
Sinihun, (kembang jagung punika naminipun sinuhun) nagari kita punika dumunung wonten sapinggiring margi ageng (antawisipun samudra/lautan Teduh lan Samodra Indonesia).
Jèjèr tiga ingkang tengah vadhé kita kuwaosi (Asia Besar ----- Nusantara----- Australia).
Sumangga dipun rebat kanthi brontak (hura-hara/prakempa), manawi gegaman kita kawon kiyat, prayogi mawi gelar ènjèr/gerilya (kempa munggah guwa).
Wiwit sapunika sumangga ngempalaken kawula ingkang dumunung wonten ing bawah dalem (mudhun nyang bon raja).
Methik kembangsoka gusti, inggih punika mamèt sukaning kawula kagem paduka (dicaoské kanjeng raja).
Kawula sedaya mboten badhé ajrih, mbok ngriku ngerahaken sedaya wadyanipun, kita mboten badhé ajrih suka dukanipun menawi ngrika majeng tentu tau, manawi ngriku mundur temtu ajur, kita sedaya punika tedhak turuning satriya.


12. KEMBANG JAGUNG wonten ingkang nglagoken raras barang.

13. TÉ KATÉ DIPANAH kanthi titiraras Sl Manyura.

Té katé dipanah, dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhé-ondhé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé


Té katé
Leresipun tekadé (tékad)

Dipanah
Dipun pejahi tegesipun tékadé dipun pejahi utawi ora duwé tékad.

Dipanah ngisor gelagah
Lajeng dados tiyang jirèh uatwi clingus, kénging dipun wastani ‘wedi uwong’, amargi glagah punika thukulipun panggénan ingkang mboten naté dipun ambah tiyang, mangka punika wonten ngandhapipun.

Ana manuk ondhé-ondhé
Ondhé-ondhé punika sami kaliyan ngina (menghina) sok wonten tetembungan si Suta kaé ora ken diondhé-ondhé, tegesipun si Suta kaé ora kena dihina kosok wangsulipun kena di ‘ndhé-ondhé’ tegesipun kena dihina sami kaliyan: tansah dadi penginaan menggah pikajenganipun: manuk waé ngina, punika sami kaliyan: tiwas digeguyu pitik.

Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri punika = pantun = pangan = rejeki; bombok punika awon, katé punika alit.


14. SOYANG, kanthi titiraras Pl Barang

Dolanan Soyang punika kados sandiwara, wonten lampahanipun, critanipun mekaten:
Wonten satunggaling randha nami mbok Randha Dhadhapan, mbok randha wau satunggaling tiyang ingkang welasan sumerep laré lola (mboten gadhah bapa biyung), lajeng dipun pupu laré wau badhé dipun sekolahaken supados mbénjing dados tiyang pinter (kala rumiyin dèrèng wonteh sekolahan manawi badhé nyekolahaken laré, cekap dipun ngèngèraken dhateng tiyang sanès supados ngretos padamelan).
Laré wau lajeng dipun kanthi dipun ajak dhateng satunggaling tiyang ingkang sugih sarta gadhah pangkat amargi inggih tiyang kados mekaten wau ingkang kiyat dipun ngèngèri, jalaran kiyat ngingoni lan nyandhangi.
Laré dipun kanthi: (nggambaraken tiyang mlampah) majeng mundur kanthi lelagon
Soyang-soyang mbathika plangi ndur Semarang
Ya ya bu ya ya pa
Putraningsun adhipati kulanuwun

Soyang
Sang Hyang – mbok randha salebeting lumampah kanthi nyebat asmaning Hyang

Mbathika plangi
Ingkang nitahaken warni-warni

Ndur Semarang
Ingkang nitahaken sedaya tetuwuhan (ndur), ingkang nitahaken samudra (semarang kutha pelabuhan)

Ya ya bu ya ya pa
Boya ibu boya bapa: mugi laré ingkang sampun mboten gadhah bapa biyung

Putraningsun adhipati
Sageda dipun tampi kadis déné putranipun piyambak déning sang adhipati.

Kulanuwun
Kaliyan ndhodhok mbok randha (rd) sarwi ngucap kulanuwun

Ing mrika wonten laré satunggal ingkang dados peranan sang adhipati (ad).
Ad : sinten nika?
Rd : kula, mbok randha saking Dhadhapan.
Ad : ajeng napa?
Rd : badhé ngèngèraken anak kula.
Ad : inggih saged, gaw’eyané tunggu jumbleng, mangané sega wadhang, lawuhé
gerèh sacuwil,.
Mbok randha dalah anakipun lajeng ngadeg kelara-lara kanthi lelagon

Mboten trima, mboten trima anak kula mang siya-siya
Kunci kencur, kunci kencur anak siji dadi batur

Nanging sarèhning kedah minteraken anak, mila kapeksa dipun ngèngèraken sanadyan ing batos nangis kados bayi kanthi lelagon mekaten

Dhuh cengèr, dhuh cengèr anak kula badhé ngèngèr

Sampun kalampahan dipun ngèngèraken, jebul laré wau bisu (kanggé nggambaraken laré ingkang dèrèng kambon pengajaran). Satungaling wekdal pun bisu (bs) dipun timbali sang adhipati.

Ad : bisu
Bs : uk
Ad : iki aku mépé dhèndhèng, dhèndhèng iki tunggunen.
Bs : uk.

Salebetipun bisu nengga dhèndhèng wonten peksi gagak pinten-pinten (ingkang dados inggih kanca-kancanipun dolanan, réka-réka mabur, tanganipun ndhaplang kaliyan mungel gaok---gaok---gaok) dhateng nggondholi dhdhèng ngantos telas, pun bisu mboten saged menapa-menapa, wontenipun namung nangis. Sang adhipati nangis lajeng ndangu.

Ad : kowé nangis kena apa.
Bs : uk (kanthi srawéhan nyariyosaken kawontenan).
Ad : (kanthi duka) yèn ngono kowé kudu nggolèki dhèndhèng sing ilang nganti
ketemu, yèn ora ketemu aja takon dosa.
Bisu kèsah kanthi nangis.
Mbok randha Dhadhapan manggihi sang Adhipati nakèkaken anakipun angsal keterangan manawi pun Bisu minggat jalaran nyolong dhèndhèng, mbojk randha anggrahita (sadhar) manwi pengajaran (pendhidhikan) punika ingkang saé kedah ibunipun piyambak. Mbok Randha lajeng madosi Bisu kanthi lelagon laras Sl Pathet Manyura

Su Bisu wis muliha
Tak tanggapké wayang purwa
Èjrèg énong èjrèg gung

Tetembungan ing nginggil pikajengipun makaten

Su Bisu wis muliha : pun Bisu supados mantuk
Tak tanggapké : badhé dhipun tangani piyambak
Wayang purwa : kanthi tuladha-tuladha ingkang saé-saé
Ing wasana bisu mantuk kepanggih mbok randha.

15. KONING-KONING kanthi titraras Pl Nem

koning-koning kawula, kaé lara kaé lara
ngentèni si kodhok langking
ndhok siji kapipilan, ndhok loro kecombaran
dhoyak-dhoyak tawon boni
ni ni cangkir cendhana, kiwa mbang cepaka
sisih mbang telasih
sabuk bara kayu loka
bung kecibung, gentalung mentiyung, nèblem
lir gunalir byar segelung-gelung malang
segelung-gelung kondhé,
ambuné walang kudhèdhèr
akesondhèr, angelèwèr

Koning-koning kawula
Badhéya saged anjara langit bebasanipun, nanging kawula alit (jaman semanten)

Kaé lara
Inggih sakit (kelara-lara/ketula-tula)

Ngentèni si kodhok langking
Tur ingkang dipun entosi punika namung kodhok cemeng, sanès kodhok ijo, menawi kodhok ijo éca dipun dhahar amargi kala rumiyin punika ingkang éca saha ingkang saé, namung kanggé para luhur (monopoli)

Endhog siji kapipilan
Mipil punika nyatunggal endhog; endhog siji kapipilan pikajengipun: umpami gadhah ingkang radi éca/ saé inggih namung satunggal

Endhog loro kacombaran
Umpami gadhah langkung saking satunggal, badheya dipun tutup-tutpi inggih meksa konangan.

Dhoyak-dhoyak tawon boni
Lajeng bayak-bayak kadhatengan tawon (bana) utawi dileboni tawon ingkang sajakipun mbekta madu, nanging ing wingking mbekta entup lajeng nandukaken wasésa.

Nini cangkir cendhana
Pol-polipun manawi sampun sepuh (nini) saweg angsal ganjaran cangkir cendhana (sajakipun barang ingkang èdi la wong cendhana, nanging inggih mboten éca, wong cangkir kok cendhana).

Kiwa mbang cempaka
Menawi dipun sawang saklébatan ngaten inggih saé, la wong mbang cempaka

Sisih mbang telasih
Nanging ing sisihipun mbang telasih, namung kanggé ngintun tiyang pejah
Sabuk bara kayu loka
Sabuk bara punika kala rumiyin kanggé tandha pangkat, tiyang alit (kawula), angsal pangkat punika musti gadhah kalangkungan nanging nggadhahana kalangkungan kadosa punapa, ingkang kondhang (ingkang kaloka) inggih kayunipun utawi ratunipun )

Bung kecibung
Ingkang kondhang wau tansah jibar-jibur

Gentalung nèblem
Rinten dalu namung ngéca-éca kaliyan para pawèstri, gentalunganipun tansah dipun ben kaliyan nèblemipun para èstri.

Lir gunalir
Kados sampun dados kagunan (kebudayaan)

byar
Ngebyaraken (mbukak)

Segelung-gelung malang, segelung-gelung kondhé
Mbikak segelung malang punapa si gelung kondhé kersanipun dados

Ambuné walang
Rèhning tabeting (ambuné) katrisnan tipis sanget, manawi sampun rampung inggih walang = yen wis uwal lajeng ilang (katresnanipun)

Akedhèdhèr akesondhèr angalèwèr
Lajeng ènjèr mawi sondhèr pados sanèsipun kanggé nanjakaken anggenipun nglawèr.

Menggah terangipun dolanan’ Koning-koning’ ing nginggil punika mekaten.
Jaman rumiyin upami wonten tiyang alit (kawula) ingkang gadhah kagunan ingkang adi luhung, ingkang kondhang ratunipun. Tiyang alit upami gadhah punapa-punapa ingkang saé, manawi konangan inggih lajeng dipun pundhut; déné ingkang kénging dipun gadhahi déning tiyang alit namung barang ingkang sepélé ingkang kirang saé.
Para luhur punika ingkang limrah sagetipun namung peréntah, déné ingkang katindakaken ing saben dintenipun namung seneng-seneng kempal kaliyan para tiyang èstri, tur malih sasukanipun, manawi sampun kadumugèn lajeng prasasat dipun bucal, lajeng pados sanèsipun.


16. DHEMPO kanthi titiraras Sl Manyura (saget Pl Barang)

dhempo talu tamèng nalajaya numbak cèlèng
keris bengkung tumbak bengkung nalajaya di telikung
ciyèt ciyèt ciyèt ciyèt

Dhempo
Wonten ingkang nyariyosaken, ingkang leres ‘dhem-pul’ pikajengipun = adhem-adhem arep kumpul (tiyang jaler)
talu
Sawek badhé nuthuk

tamèng
Ingkang èstri mboten purun (tamèng piranti kanggé nangkis)

nalajaya
Mangka manah sampun kelajeng makantar-kantar

Numbak cèlèng
Cèlèng = cèlèngan utawi blèwèhan. Numbak cèlèngan = numbak blèwèhan.

Keris bengkung tumbak bengkung
Ingkang èstri nerangaken = ora wurung iya mung arep nyuduk bengkung = tegesipun sawek manak énggalan. Tiyang manak kala rumiyin, menawi sampun saged mlampah temtu nganggé bengkung (kados déné setagèn langkung panjang keker) perlunipun padharan sageda wangsul alit malih.

Nalajaya di telikung
Kanthi sekiyat-kiyatipun tiyang jaler kedah saged nelikung (meper) manah ingkang makantar-kantar wau.

Ciyèt ciyèt ciyèt ciyèt
Mboten kétang manukipun tansah ciyèt ciyèt nedha loloh


17. CEMPA ROWA, kanthi titiraras Sl. Sanga.

Cempa rowa pakananmu apa rowa
Pupu gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecibong jarané jaran bopong
Sing mayungi dhunuk dhuplong
Èjrèg ènong èjrèg égung
Èjrèg ènong èjrèg égung

Cempa rowa
Cempa punika namaning pantun. Rowa punika ngambra-ambra. Kajengipun kados pundi pantun sagetipun ngambra-ambra (tumrap tiyang tani)

Pakanamu apa
Punapa syarat-syarataipun?

Pupu gendhing
Pupu gendhing punika pupu ayam, menggah kajengipun: tiyang kedah kados pupu ayam, inggih punika wiwit énjing umun-umun mandhap saking patileman sedinten muput tanpa kèndel

Rowang rawing
Paribasanipun ngantos rowang rawing (kèklèk)

Bong kecebong
Kedah wantun kados kecébong, inggih punika wani dhateng toya.

Jarané jaran bopong
Tumpakanipun kedah dhipun bopong rumiyin (inggih punika garu lan waluku)

Sing mayungi dunuk duplong
Ingkang ngreksa (mayungi/jamin) tiyang èstri ingkang dipun tresnani, inggih punika bojo, ngintun tetedhan, ngombé lan sanès-sanèsipun.

Èjrèg ènong èjrèg égung
Lan kedah tansah seneng manahipun, mboten ngresula.

18. CUMPLI, kanthi titiraras Sl. Manyura.

Cumpli duduh sapi
Énak legi sapa kèri dadi

cumpli
Cum punika kajengipun ‘ngecum’ tegesipun ngekum, déné pli punika pel-li

Duduh sapi
Duduhipun diusapi

Énak legi
Raosipun éca/sekéca sanget

Sapa kèri dadi
Manawi duduhipun saget kantun, lajeng ‘dadi’ inggih punika dadi bayi.


19. PENDHISIL, kanthi titiraras Pl. Pathet Nem.

Pendhisil pendhisil pendhita leng ulengan
Gedebug jaran tiba lurung
Léngkong sekati léngkong
Anakmu digawa nguwong
Kari domblong kari domblong
Sapu laré sapu laré
Nalajaya bang buntuté
Katé lara ngombé waniné cedhak omahé
Dhung edhung brus sapa kari kempas kempus

pendhisil
Barang ingkang alit nanging ketingal, inggih punika ngibarataken tiyang ingkang kondhang (ternama) punika manawi wonten prekawis alit utawi sepélé kémawon kathah ingkang sumerep.

Pendhita leng ulengan
Pendhita punika tiyang kondhang (ternama). Limrahipun nyepi, jalaran sampun mungkur ing kadonyan, mangka lajeng leng ulengan ingkang ateges nylèwèng saking paugeraning kapandhitan.

Gedebug jaran tiba lurung
Sadaya ajaranipun dalah namanipun runtuh ing margi bebasanipun, dipun idak-idak tiyang kathah.

Léngkong sekati léngkong
Sekati = seseging manah = manawi kamurkanipun manah dipun lajengaken anggènipun bengkong.

Anakmu digawa uwong
Sadaya siswa-siswanipun (anak buah) badhé ghampil dipun hirup tiyang sanès.

Kari domblong
Inggih namung kantun ndomblong, badhé menapa?

Sapu laré
Manawi badhé nyapu (ngresiki) kesalahanipun, inggih kados nyapunipun laré, wato rak rèk mboten resik; saénipun nrimah mawon.

Nalajaya bang buntuté
Manawi adreng manahipun utawi nékad, inggih wantunipun saking wingking.

Katé lara ngombé
Sampun ringkih taksih ngangsa (nékad)

Waniné cedhak omahé
Sampun rupak tebanipun

Dung edung brus sapa kari kempas kempus
Inggih malah kerep ketanggor, telas-telasanipun menggèh-menggèh.


20. JUNG JALING, kanthi titiraras Sl. Manyura.

Jung jaling
Si jaling soroté kuning
Cina babah cina potang
Si potang bawah gadhingan
Prau kembang cing cing goling
Prau kembang oncèn-oncèn
Adhuh yayi Kelaswara Adaninggar

jung
Pinjung = tapih pinjung = nggambaraken laré èstri.

Ja ling
Ja = ja; ling = éling

Si jaling soroté kuning
Laré èstri ingkang neja (sumedya) éling punika musthikaning èstri, cahyanipun sumorot jenar sumunar.

Cina babah cina potang
Cina punika gadhah gegebengan (semboyan), yèn pinuju mlarat kudu kaya wong mlarat, yèn pinuju sugih kudu kaya wong sugih.

Si potang bawah gadhingan
Gegebengan makaten wau dipun jagi sayektos (bawah gadhing) mboten kéngguh sumerep barang ingkang ménginaken sadèrèngipun saget tumbas piyambak. Awit limrahipun laré èstri punika manawi sumerep kancanipun nganggé kalung, upaminipun, lajeng kepéngin nganggé, lajeng pados-pados utangan kanggé tumbas.

Prau kembang cing-cing goling
Dhasar watakipun momot kados prau, tur prau ingkang momot kembang. Cing cing goling punika peksi ingkang ocèhipun saé. Pikajengipun laré èstri punika ingkang saé ingkang momot, manis arum wicarané.

Prau kembang oncèn-oncèn
Pinter ngrincé basa


Adhuh yayi Kelaswara Adaninggar
Kelaswara lan Adnaninggar punika putri prajurit.

Dados laré èstri ingkang pilihan punika:
1. ingkang tansah éling lan waspada.
2. Gadhah semboyan : yèn mlarat kaya wong mlarat, yèn sugih kaya wong sugih.
3. Momot, manis arum wicarané, bisa ngroncé basa.
4. Gadhah jiwa prajurit.
Arep golèk apa?


21. SULUR KANGKUNG, kanthi titiraras Pl. Barang.

Sulur kangkung rumambating layar cindhé
Aja lara-lara adus kacenthok ing jaka besus
Ana sradhahira wutah ana cangkirira pecah
Putri bali lunga dandan putri bali lunga dandan
Sulur kangkung sapa mau

Sulur kangkung
Kangkung punika kajawi namining ron-ronan ugi kanggé nama keciking pawèstri ingkang panjang utawi tansah ketingal (mboten dhamis). Kecik ingkang panjang punika gampil sesénggolan kaliyan barang punapa kémawon, upaminipun kesénggol sinjang, sayak lan sasaminipun. Mangka kecik punika menawi kesénggol, adakanipun lajeng tuwuh nafsu birahi. Awit saking punika laré èstri jawi sami dipun sunataken (dipun suda panjangipun). Dados ‘sulur kangkung’ ing ngriki ingkang dipun kajengaken: ingkang kathah suluripun, kanggé nggambaraken baranging pawèstri ingkang sampun diwasa utawi sampun gadhah bojo.

Rumambating layar cindhé
Layar cindhé tegesipun aling-aling ingkang saé, limrah dipun sebut pager ayu. Dados rumambating layar cindhé tegesipun badhe nylèwèng (ngrisak pager ayu)

aja
Kados mekaten punika kathah ingkang menging ‘aja’ amargi kathah ingkang mboten mathuk.

Lara-lara adus
Manawi tindak nylèwèng wau dipun lajengaken, ibaratipun tiyang sakit (bentèr) ingkang badhé adus, temtu mbebayani.

Kacenthoking jaka besus
Menawi ketanggor tiyang jaler ingkang pinter (minteri).

Ana wadhahira wutah
Kahananmu dhéwé (rumah tangga) bakal bosah-basèh.

Ana cangkirira pecah
Awakmu dhéwé uga rusak sak barangmu.

Putri bali lunga dandan
Kowé kepeksa kudu bali ndandani awak lan mbecikaké kahanan (yèn bisa).

Sulur kangkung sapa mau
Si sulur kangkung bakal dilalèkaké bojo lan wong akèh kalebu yangé.

Lagu sulur kangkung punika pungkasanipun kok ndilalah sajak dèrèng sumèlèh, mbok manawi gadhah kajeng ‘tiyang ingkang kados mekaten wau kénging dipun paribasakaken ora bisa sumèlèh alias gumantung tanpa canthèlan’


22. NYA TALI kanthi titiraras Sl. Manyura.

Nya tali nya emping njaluk tali jobang jabing

Nya tali Wonten satunggaling tiyang nami pun A. ngajak bathonan (damel ikatan) dhateng pun B. B punika sugih kagunan nanging boten gadhah pawitan (modhal).

Nya emping
Rembagipun A sakéca sanget, mekaten : mengko yèn ana kurangé aku sing nomboki dhisik, yèn ora percaya enya tak empingi dhisik (nya emping).

Njaluk tali
Pun A criyos dhateng B: sing tak jaluk bathonan iki (ikatan iki).

Jo - bang
Ijo abangé (barang sesuatu).

jabing
Leresipun ‘jabung’ nanging gandhèng purwakanthinipun dhawah ‘ing’ mila dados jabing.
Menggah lajenging ucapanipun pun A mekaten: ijo abangé bebathonan iki becik dirembug bebarengan supaya tali bebathonan iki bisa kukuh kaya dijabung.

Sesampunipun lelagon ing nginggil kalagokaken wongsal-wangsul, lajeng gentos lelagon II kados ing ngandhap punika.

Lepetan lepetan angudhari anguculi
Janur kuning aningseti

lepetan
Dangu dangu pun A ulat-ulet (lepetan) nindakaken akalipun dhateng pun B, emping-empingan wau ingkang saya njiret pun B.

Angudhari anguculi
Sanadyan pun B ambudi daya sagetiopun uwal (udhar) saking cengkeremanipun pun A nanging……

Janur kuning aningseti
Kanthi barang ingkang sapélé kémawon malah saya nambah nekak gulu.

Telasing-telas pun B kados dolanan ingkang III punika

Nya sega enya sega enya sega enya sega nya cethingé
Nya jangan enya jangan enya jangan enya jangan nya wadhahé
Nya sambel enya sambel enya sambel enya sambel nya layahé

Wasana pun B namung tampi korèdan utawi namung dipun kepyuri, malah saget ugi dipun ideg-ideg. Mila manawi wonten rembag ingkang sarwa aluuuus sekécuuuu ingkang ngatos-atos, mangké manawi kejajah lo!
23. ENDHOG-ENDHOGAN kanthi titiraras Sl. Nem.

Ndhog endhogan mbok gemak lelèmbéhan, Rak arèn jenang durèn, pengantèn lungguh na ngambèn, Sing lanang ngajak mangan sing wédok tetangisan, Wis menenga bapakmu nanggap wayang, Dhalangé dhalang kandha, Ndhik ndhik suruh secandhik maratuwa dithuthuk gandhik.




24. JANGAN TERONG, kanthi titiraras Sl. Pathet Sanga.

Se jangan térong
Ya ku karo kowé tandhing padha ndalemèng
Yè ku tamèng yèku tamèng
Tandhing padha ndalemèng

Se jangan
Sa jangan, tegesipun tunggal sa wadhah utawi tunggal sa mangsakan, mboten saget warni kalih. Punika kanggé ngibarateaken: tiyang jejodhowan.
térong
Térong punika menawi dipun irisi badhé dipun masak gantilanipun temtu dipun katutaken (naluri), gantilan wau lajeng dipun wastani cakar. (yén ngirisi térong cakaré katutna). Cakar wau lajeng dados 4 (sekawan); kanggé ngibarataken tiyang jejodhowan punika cakaripun (sukunipun) cacah 4 (sekawan), pikajengipun: tiyang jejodhowan punika menawi pinuju masak (ngermbag satunggiling bab) kedah dipun rembag sesarengan (cakar sekawan) menawi istilah sapunika empat mata.
Ya ku karo kowé
Iya aku karo kowé = sing lanang karo sing wédok.
Tandhing padha dalemèng
Sami-sami bébas ngedalaken pemanggih dalemèng = dalem ing = salebeting = ing nglebet = pamanggih.
Yèku tamèng
Yè ku = iya iku, tamèng = utamèng = utamaning
Ndhing ndhing padha dalemèng
Sami nandhingaken (mintokaken) kautamaning pemanggih.

Dados tiyang jejodhowan punika sampun ngantos nang nangan. Sadaya prakawis prayogi dipun rembag sesarengan kanthi ngedalaken pemanggihipun piyambak piyambak ingkang saé saé utawi ingkang utami (di bawah empat kaki).

25. RIYO, kanthi titiraras Pl. nem.

Riyo riyo mbang madéa
Ana gandhèk sadi yoja, gandhèké ratu Ngawangga
Janaka mondhong Sembadra Srikandhi mbrebes mili
Suwé suwé ngajak riyo

Dolanan riyo punika pasemonipun cakra manggilingan. Kawontenan ing donya punika mubeng kados rodha: gèk wonten nginggil, gèk wonten ngandhap, gèk susah inggih gèk bungah, makaten salajengipun terus puter kémawon, dados mboten wonten ingkang bingah thothok lan mboten wonten kok sisah thothok.
Lagu dolanan riyo punika mboten wonten pada nipun utawi mboten wonten sèlèh akhir. Manawi laré-laré sami dolanan riyo punika kèndelipun inggih sakajengipun piyambak. Inggih makaten punika ingkang nggambaraken mubeng kados rodha. Déné tegesipun suraos mekaten.

Riyo riyo
Ijo rio rio, inggih punika nggambaraken sesawangan ingkang nengsemaken. Sanépanipun tiyang ingkang sarwa-sarwi.
Mbang madéa
Mbang = punika kembang, madéa = madé = punika tengah (pamadé = panengah) madéa = menengaha. Pikajengipun = dhatenga tengah (masyarakat) inggih mboten ajrih, malah seneng.
Ana gandhèk saka yoja gandhèké Ratu Ngawangga
Kajengipun utusan saking tebih (kabar) utusanipun Prabu Karna = kuping. Mireng kabar saking tebih (saget ugi cabang perusahaanipun.
Janaka mondhong Sembadra, Srikandhi mbrebes mili
Tiyang gesang punika dipun gambaraken wayuh (serat Kalatidha). Bojo sepuh nami mbok Sandhang, bojo enèm nami mbok Pangan (rekjeki), wonten ing riki dipun gambaraken Sembadra lan Sri Kandhi, mangka mbok sepuh (Sembadra) sampun dipun pondhong Janaka, utawi sampun dipun pundhut ingkang kagungan (Ingkang Kuwaos). Srikandhi mbrebes mili, kajengipun mbok enèm (rejeki) sampun menggrik-menggrik (nangis) utawi sampun macet, ing ngriki gentos nandhang susah.
Suwé-suwé ngajak rio
Manawi sadaya wau katampi kanthi legawanipun manah lan mboten kendhat pangudinipun, dangu-dangu inggih badhé bingah malih lan badhé rio-rio malih.


26. MUR KALIMUR kanthi titiraras Sl. Nem.

Mur mur kalimur pèpèsan tanjung
Tanjung tanjung kawulung
Kawulungé ajeng napa,
Kaé tanjung punapa kaé tunjung punapa
Cumplung kecemplung kedhung
Ngantèné saweg napa.

Mur
Mur punika bangsanipun sinjang (sebangsa kain) dipun sulam emas, dados mur punika kalebet adèn-adèn.
kalimur
Kabanda déning ‘mur’ utawi tiyang ingkang dipun kulinakaken gesang sarwa éndah.
Pès pèsan tanjung
Pès pèsan punika tetedhan (lawuh) ingkang kalebet tetedha kelas andhap, déné tanjung punika kanggé gambaraken laré èstri, amargi kecik (isi) tanjung punika dipun wastani kecik wédok, déné kecik lanang punika kecik ingkang asring dipun eben. Dados ‘pès pèsan tanjung’ (punika gadhah teges laré èstri darah (kelas) andhap. Menggah kajengipun ‘mur mur kalimur pès pèsan tanjung’ punika laré èstri darah andhap kawin kaliyan tiyang jaler darah inggil ingkang gesangipun sarwa adèn adèn (méwah).
Tanjung kawulung
Laré èstri wau dèrèng temtu manggih kabingahan, nanging malah sok ketaman peteng utawi mboten bingah (kawulung = cemeng) amargi sok dados nyèk-nyèkan déning tiyang jaler.
Kawulungé ajeng napa
Manawi sampun kados mekaten lajeng badhé menapa, sarwa éwuh aya ing pambudi arep pisah wis kebacut anak-anak (upaminipun).
Kaé tanjung punapa
Idhem nginggil.
Ngantèné sawek napa
Prayoginipun inggih namung pasrah. Kantun pitakèn sawek napa?…….inggih sawek anu!!…inggih salajengipun.
Mila laré èstri sampun kasesa sulap kaéndahan lahir ingkang prayogi angsal ingkang babag kémawon.

27. SAR SUR kanthi titiraras Sl. Pathet Sanga.

Sar sur kulonan mak makemaké
Kerété makemaké kerété
Tak bedhilé mimis wesi
Thong terontong jenggling
Thong terontong jenggling

Sar sur kulonan
Leresipun sar sur kelonan (sar sur punika sur ingkang kerep)
Mak emaké kerété
Pripun mak, anak sampéyan taksih alit (kerété punika anak baya taksih bayi).
Tak bedhilé mimis wesi
Harak sampun kula criyosi utawi kula wanti wanti (tak bedhil) menawi kekathahen anak punika rekaos samudayanipun, kados déné tiyang kénging mimis, wesi = keras.
Thong theronthong jenggling
Kok malah uger terontong (kados trontong) lajeng.…….jenggling.


28. DHÈNDHÈNG KENTHING kanthi titiraras Sl. Nem.

Dhendhèng kenthing ambelonthang
Kakang mendhak yèn mendhak ulung-ulungan
Jenang séla tan gendhis gula kalapa a o a
Raosena kumetép lidhah kawula
Jahé wana kecipir wungu godhongé a o é
Rowa rawé pengantèn ketemu soré

Dhèndhèng kenthing Dhèndhèng punika ulam ingkang sampun garing utawi sampun dipun simpen dangu. Kenthing punika pipih ingkang dipun anggé tiyang èstri ingkang pinuju nggarap sari (bulanan). Menggah kajengipun: kenthing ingkang sampun dipun simpen lami, kanggé ngibarataken tiyang èstri ingkang sampun mboten nggarap sari.
ambelonthang Amblunthah = kok taksih belunthah.
Kakang mendhak Ka – kang = saka lakang lajeng medak
Yèn mendhak ulung-ulungan Menawi sampun medak adatipun lajeng ulung-ulungan = enya thèk aku, endi thèk amu.
Jenang séla tan gendhis gula kalapa Jenang séla = apu = injet = pethak; tan = ora; gendhis = mawi kalapa perlu dipun terangaken = toyanipun tiyang èstri punika dipun gambaraken warni abrit, déné toyanipun tiyang jaler punika dipun gambaraken warni pethak. Mila tiyang jawi kathah ingkang ngluhuraken warni abrit lan pethak (jenang abrit pethak lan sanès-sanèsipun).
Nanging ing ngriki rèhning kanggé nggambaraken tiyang èstri ingkang sampun mboten nggarapsari, mila dipun sanépakaken ‘ora abang putih’ utawi wis ora abang putih mung kari putih thok = kaya apu. Menawi tiyang èstri sampun mboten nggarapsari pijer ulung-ulungan ngandhap lakang punika lajeng ……
Raosena kumetèp lidhah kawula Ingkang kanggé ngraosaken punika sampun kumetèp (lidhah, nanging sanès lidhah nginggil) sampun mboten éca; kawula = ngèngetana manawi kawula, prayogi lajeng….
Jahé wana Jahé = jah – é = pejahé; wana = kasowana = kapasrahna. Dados jahé wana punika = pejahipun utawi pejah panjenengan kula aturi masrahaken dhumateng ingkang murbèng gesang.
Kacipir wungu godhongé Ngèngetana manawi panjenengan sampun kados kecipir ingkang sampun wungu godhongé (sampun sepuh).
Rowa rawé pengantèn ketemu soré Sampun ngentosi menawi sampun rowang rawing mindhak kados pengantèn ketemu soré (kasèp namanipun)


29. MBOK OWI kanthi titiraras Sl. Nem.

Mbok owi ima-ima
Delima kembangé putih
Ya bapak ya ndara bisa salin tapih ndara
Mas emasé suwasa inten barléyan
Sega jongga jangané nuten nuté
Prit gantil tiba dhadha
Dhadhané amung reca
Riyeg mentheg samaolé rujak pacé ja sembrana

Mbok owi Mbok awi = mbok sumangga
Ima-ima Munggah redi (mahas ing asepi)
De lima Dé lima = awit pancadriya punika
Kembangé putih Wajib dipun sucèkaken
Kaki patih Sageta gampil celak kaliyan pangwasaning Pangéran
Ora bisa salin tapih ndara, mas emasé suwasa inten barléyan Temtunipun kedah mboten kabanda déning gebyaring kadonyan.
Segajong gajongané nuten nué Kanthi kasurung krenteging manah (enut-enuten)
Prit gantil tiba dhadha Prit gantil punika peksi ingkang awon kelakuanipun, menawi badhé nigan pados susuhipun peksi sanès, tiganipun lajeng dipun tedha, piyambakipun lajeng nigan wonten ngriku, sesampunipun nigan lajeng késah, tiganipun supados dipun engremi ingkang gadhah susuh. Dados pikajengipun “prit gantil tiba dhadha” punika, tiyang ingkang sampun saget nucèkakaken pancadrianipun, badhéa ketaman bab ingkang mboten nyenengaken inggih namung badhé dipun tampi ing dhadha.
Dhadhané amung reca Nanging amung dhadha reca, tegesipun temtu mboten kraos.
Riyeg mentheg Malah dados rabuk (kemriyeg tur isi)
Sa olé Sami olèhé = angsal-angsalipun
Rujak pacé Kénging kanggé tambah ngresiki rohkani
Ja sembrana Ingkang saget nyegah tindak sembrana.


30. SANG GORENGAN, kanthi titiraras Slendro pathet Nem.

Sang gorèngan sang gorèngan limpang limpung
Sang gorèng limpang limpung diwolak-walik gosong
Diwolak-walik gosong dhondhong réting-réting
Dhondhong réting-réting bubar jagong gebelet ngising

Pisang gorèng sarta limpang limpung (téla pendhem dipun gorèng) punika badhéya dipun wolak-walik inggih tetep pisang gorèng sarta limpung, malah manawi anggènipun molak-malik punika terus kémawon, inggih malah tiwas gosong (mboten éca dipun tedha). Makaten ibaratipun watak. Upami wonten tiyang gadhah watak murka, tiyang mlaratkepengin sugih, mangka sampun katurutan, inggih taksih murka ngangsa-angsa kepengin ingkang ngungkuli malih. Dados cethanipun: watak punika angèl dipun ihtiari, dipun upamèkaken “dhondhong réting-réting” inggih punika dhondhong ingkang rerèntèngan, nanging tetéla isinipun pating srawut. Makaten ugi tiyang ingkang ngangsa-angsa dhateng pangan, ambak jagong punika segahanipun sampun dipun tata, nanging gandhèng ngangsa inggih ngrangkep dupèh mboten tumbas, paribasanipun ngantos kepésing-pésing.


31. SLUKU BATHOK, kanthi titiraras Slendro pathet Nem.

Sluku-sluku bathok, bathoké éla-élo
Si Rama mrnyang kutha lèh-olèhé payung mutha
-----tanpa lagu-------
pak jenthit lo-lo-lo bang lombok ijo lombok abang

Sluku-sluku bathok, bathoké éla-élo Ingkang dipun kajengaken: ngelus-elus bathok, bathoké éla-élo punika njagi laré èstri utawi njagi anak èstri
Si Rama menyang kutha lèh 0lèhé payung motha Tiyang sepuh dhatenga pundi kedah tansah mayungi.
Pak jenthit lo lo lo bang Menawi ingkang kanggé njenthit sampun abrit inggih punika sampun nggarap sari sepisan
Lombok ijo lombok abang Panjaginipun kedah saya yektosan, tegesipun uger taksih wujud lombok punapa taksih ijem punapa sampun abrit.

32. RUK RUK JINGGA kanthi titiraras Pelog Nem.

Ruk ruk jingga nèblem karang melok nèblem,
Bathok bolu trog entrogen Bathok bolu trog entrogen

Ruk ruk jingga nèblem punika ingkang dipun kajengaken kawadonan (kemaluan), menawi laré jaler badhé pados bojo. Karang melok nèblem: laré èstri ingkang dipun esir kedah ingkang cetha, sampun ngantos ngawur. Bathok bolu trog entrogen: menawi sampun cetha sumangga entrogen.

33. BRIT AKING kanthi titiraras Pelog Nem

brit aking, brit aking kandhang jero kang emas soka boma, soka boma amondhong putri Ayodya, jenthat-jenthit janaloka.

Brit aking: brit aking punika sanépanipun napsu angkara, aking punika sanépanipun garing; menggah pikajenganipun, napsu angkaranipun sampun garing; tegesipun tiyang ingkang sampun saget meper kanepsonipun.
Kandhang jero: tiyang ingkang sampun kados makaten punika sampun dumunung wonten panggénan lebet (kawruhipun/ilmunipun).
Kang emas: ingkang emas, tegesipun sadaya barang darbèkipun ingkang kathah aosipun,
Soka boma: leresipun suka-buh-ma, pikajengipun suka, abuh, dharma, tegesipun kanthi suka legawaning manah kanggé ngajengaken dharmanipun.
Amondhong putri Ayudya: putri ayudya punika Dewi Sinta, séta: pethak=suci; pikajengipun ingkang sampun kadarbé namung ingkang suci suci.
Jenthat-jenthit janaloka: wiwit wonten janaloka sampun dipun gegulang kanggé sangu bénjing wonten ing Indraloka.

34. LURU WIDARA, kanthi titiraras Slendro Manyura

luru luru widara widarané lagi apa, widarané lagi thukul ya padha nyirami
lagi kembang yo padha ngrabuki
lagi awoh yo padha methiki (ngundhuhi)

luru widara: pados kasaénan, widarané lagi apa: kajengipun punapa ingkang dipun kajengaken déning pun widara utawi punapa ingkang dipun perlokaken déning pun widara badhé dipun pitulungi, nanging ing ngriki wonten tembung luru ingkang ateges golèk, menika ingkang kirang saé, dados suka pitulung punika mboten susah pados, manawi pados pados ingkang dipun pitulungi, punika adakanipun pados lintu, upaminipun wonten laré dhawah, mangka lajeng wonten ingkang mitulungi kanthi pangajeng-ajeng supados dipun alem déning tiyang sepuhipun, kados makaten wau ambak pangajeng-ajeng pun namung sak dipun alem, inggih nama sanès pitulungan, adakanipun tiyang kados makaten wau angsal-angsalanipun malah kosok wangsul. Wonten ing dolanan ngriki dipun gambaraken, manawi sampun dumugi cakepan ‘yo padha ngunduhi’, laré-laré sami pincangan kaliyan mungel ‘atho biyung kena eri’, makaten wongsal-wangsul.
Dados terangipun: anggènipun pados Widara sampun angsal, lan sampun ngopèni ing pangajeng-ajeng sageta ngundhuh uwohipun, nanging sareng badhé ngundhuh dèrèng angsal punapa-punapa sampun kecocog ing ri.


35. NINI DOK

Nini Dok punika ingkang kadamel tenggok utawi senik minangka badanipun, siwur minangka sirahipun, dipun dandosi kados penganten putri, dipun paesi, dipun tapihi, lan mawi rasukan.
Nini Dok punika nggambaraken Dewi Supraba dipu rerepa dening para widadari (para lare estri ingkang sami dolanan) supados purun anggoda dhateng Raden Janaka anggenipun tapa ing Indrakila (wonten ringgitan lampahan Begawan Ciptaning). Dewi Supraba pancenipun mopo amargi ngretos “Janaka” punika sinten. Inggih manawi saget nggodha, mangke gek malah kagodha.
Rehning Raden Janaka punika kedah udhar anggenipun tapa, mila para widadari sami ngrimuk sageda Dewi Supraba kersa nglampahi nggodha.

Lamapah-lampahipun dolanan Nini Dok
Saderengipun jam 4 sonten Nini Dok kedah sampun rampung pandamelipun, amargi badhe dipun bucal rumiyin dening rare-rare estri dhateng panggenan ingkang dipun anggep angker (kuburan utawi panggenan ingkang gawat). Bibar mbucal lare-lare lajeng sami mantuk, mangke badhe wangsul dahateng pangenan ingkang sampun katemtokaken.
Watawis jam 7 dalu rembulan sampun mancaraken cahyanipun. Lare estri ingkang dhateng rumiyin lajeng undang-undang kancanipun kanthi lelagon laras Slendro pathet Nem.
Bocah bocah dolan dha mrenea, padhange kaya rina sing dolan ora ana
Makaten wongsal-wangsul saengga lare-lare sampun sami dhateng sadaya. Sasampunipun makaten, lajeng ngawontenaken pilihan dalang (ketua), limrahipun lare ingkang ageng piyambak. Ketua lajeng utusan salah satunggiling lare ingkang kendel, kanthi dipun iring sawatawis lare mendhet Nini Dok dhateng papan pambucalan kasebut nginggil. Tirahanipun lare ngentosi wonten papan kasebat kangge nguntapaken utusan ingkang mendhet Nini Dok sami lalagon:
Yo mupu bocah bajang rambute arang abang
Ingkang sami badhe mendhet Nini Dok ugi nyambeti lelagon kasebut kaliyan mlampah, dene ingkang kantun, lare-lare sami tata-tata panggenan lan nata sesajinipun:
1. kembang setaman, kinangan.
2. pisang setangkep
3. klapa 1 glundhung.
4. gula jawi setangkep.
5. beras + sagegem dipun wadhahi takir
6. jodhog (pelita ingkang kadamel saking siti) kendi.
7. klasa bangka
8. kinang satempelang ing nglebet dipun sukani tindhih (arta logam)
9. sajen wetah, lisah tuwa satakir
10. tumpeng alit dipun wadhahi takir
11. jajan pasar satakir
12. lawuhan (gereh, bregedel, cenggereng)
13. dupa, menyan, tepas
Sajen-sajen wau sadaya dipun awadhahi tebok ageng ingkang enggal, sarta ing ngriku dipun sukani anak-anakan ingkang dipun angge gandhik dipun dandosi kados bayi.
Dene lare-lare ingkang kajibah mendhet Nini Dok, sasampunipun dumugi ing panggenan ingkang dipun tuju, lare ingkang kapilih mendhet lajeng mendhet Nini Dok sarana dipun gendong kaliyan mungkur (adu geger), lajeng kabekta dhateng panggenanipun kanca-kancanipun ngentosi. Turut margi lare-lare ingkang ngiring sami lelagon.
Ku nemu bocah bajang rambute arang abang
Lare-lare ingkang ngentosi sareng mireng saking katebihan lelagon kasebat nginggil, lajeng sesarengan mbagekaken kanthi lagu bebas (tanpa nada) berirama
Bagea bagea mbok rara lagi teka wedhak pupur cepakena.
Sasampunipun Nini Dok dipun tampi dalang, lajeng kadekek wonten sanginggiling alu cacah kalih, lajeng lare-lare sami lelagon kangge ngundang Sukma (mbok manawi mantram)
Lir ilih gunanthi sabuk cindhe lir gunanthi
Gilang gilang layone layone mbok lara ugung
Ugung dening dewa dewa dening sukma
Gumrubyug barate sanga surak hiyo (hayu)
Makaten wongasal-wangsul. Manawi Nini Dok sampun katingal ebah-ebah (dipun gujengi lare kalih ingkang taksih prawan) lajeng gentos lelagon
Ilir ilir tandure wis semilir tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bosah angon penekna blimbing kuwi lunyu-lunyu peneken gawe masuh dodotira
Dodotira kemitir bedhah ing pinggir domana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane mumpung jembar kalangane suraka suraak hiyo
Kanthi lelagon punika mangka Nini Dok sampun purun joged, lajeng lare-lare gadhah panyuwun sesarengan lagu bebas (tanpa nada) nanging berirama.
Nini Dok Nini Dok gayor-gayor ginethok
Ginethok tengahe gandhok
Ubengana kalangana
Ramekna cah dolanan suraka surak hiyo
Salajengipun manasuka
Sakembang-kembang menur tinandur pinggir sumur
Selak gege kembang menur selak gege kembang menur
Midadari sawek pupur
Ceplik emping complang campling
Moas ndang dandana moas ndang njogeda
Sakembang kembang mlathitinandur pinggiring beji
Selak gege kembang mlathi Selak gege kembang mlathi
Midadari sawek lathi
Ceplik emping complang campling
Moas ndang dandana moas ndang njogeda
Sakembang kembang pandhan tinandur pinggiring Dalan
Selak gege kembang pandan Selak gege kembang pandan
Midadari sawek dandan
Ceplik emping complang campling
Moas ndang dandana moas ndang njogeda
Lelagon kangge Nini Dok punika sok dipun tambahi dolanan sanes sanesipun. Manawi sampun bibar adatipun mawi dolanan ingkang sipatipun ngajrih-ajrihi mekaten:
Dolanan dolanan ana wewe saka wetan, susune kaleweran rog erogan rog erogan
Lare-lare ajrih mlajeng mantuk sowang-sowang.

36.
Lare-lare kala rumiyin punika manawi jothakan lajeng pados kanca sinten ingkang purun ngeloni piyambakipun, mangke manawi pinuju tempuk wonten satunggaling papan ingkang sok kangge ajang dolanan, gerombolan setunggal lan setunggalipun sami gentos anyemoni (sindhir-sindhiran) kanthi lelagon.

GEROMBOLAN A mawi lelagon laras Pelog pathet Nem
Lur kilir kilur kumbang nabuh gambang kayu legi
Mbiyen sanak saiki lali, lali pisan wong jothakan
Jothak aku bocah kuwi, yen wani ayo gelut
Yen gelut kabotan rambut yen uleng kabotan weteng

GEROMBOLAN B mangsuli mawi lelagon laras Slendro Sanga
Kothak wadhah sabun sing mu njothak pirang tahun
Kothak wadhah trasi sing mu njothak pirang sasi
Kothak wadhah lenga sing mu njothak pirang dina

GEROMBOLAN A gentos mangsuli tanpa lagu (gancaran)
Jare nginang gagang kok nginang suruh
Jare jothakan kok aruh-aruh. Jare ngombe wedang, kok ngombe uyuh

GEROMBOLAN B saya benter manahipun lajeng semu nantang
Dhadhamu dhadha kapuk, wanine numbuk bawuk (manawi lare jaler)
Dhadhamu dhadha kapuk, wanine numbuk manuk (manawi lare estri)

37. Jenang gamping

jenang gamping terincing cendhela kaca
babo rokok dika rokok dika kalintingan
jahe wana sang adhi poyang-payingan
bandengan bale kambang neng bluderan
nepen sarimpen gandhekan lawang ijo
pendhapa lenggahane sang narendra
sri narendra tedhak miyos siniwaka
tedhak pagelaran ingayap para bupati
rujak kawis wong wedok gondhelan keris

38. Gulaganthi
gula ganthi pantesa sinjang loka
kampuh gendhala jenggi aja cengkeh cengkehira
sunthi kencur amburusa
sembur ada urap sari
lir gunalir ketembir metua njaba ingupala den tingali
sapa ketiban denggung macaa ngitunga
nur danar danur dana kondur jana asemondar asemandir
jahe wana wong lanang poyang-payingan